Sabtu, 09 April 2022

SOAL PTS GENAP BAHASA JAWA KELAS 11 SMK

 Sandiwara iku klebu …

A. Sandi lan Swara

B. Kasusastran

C. Tembang

D. Cerkak

E. Ekstrinsik

Milih paraga ing sandiwara kasebut …

A. Pamilihan

B. Casting

C. Parikan

D. Watak

E. Rekaman

Puisi Jawa kang ora kaiket dening wewaton utawa paugeran diarani puisi …

A. Jawa Tradhisional

B. Jawa Gagrag lawas

C. Jawa modern

D. Macapatan

E. Kuna

Pangolahe swara anggone dadi pranatacara kudu …

A. Wajar, cetha, tegas

B. Digawe-gawe

C. Apik

D. Wajar

E. Cepet

Kekendelan yaiku salah siji bab wigati nalika sesorah. Kekendelan ing kene tegese …

A. Wani sesorah nalika piyambakan 

B. Mboten ndredheg yen micara ing jero kamar

C. Asring gladhen supaya mboten  demam panggung

D. Tansah kendel nalika sesorah, lancar, teteg, tatag, ora gugup, wani micara ing ngarepe tiyang kathah utawa sekedhik

E. Micara kanthi sora, gambling, terang trewaca

Dene perangane teks tanggap wacana kang isine mbagekake lan ngucapake sokur yaiku …

A. Pambuka

B. Panutup

C. Salam panutup

D. Surasa basa

E. Satata basa

Para pejabat utawa punggawaning nigari, mligine ana upacara-upacara resmi migunakake cara sesorah …

A. Naskah

B. Apalan

C. Ekstemporan

D. Impromtu

E. Memoriter

Perangan panutup pidhato biyasane isine …

A. Jaluk pangapura menawa ana kleruning atur utawa pangucap

B. Ngajak suapaya tansah ngucap sokur

C. Ngaturake panuwun amarga para tamu kersa rawuh

D. Nyritakake acara

E. Atur Pamuji

Nalika Sesorah kudu nggatekake bab ing ngisor iki, kajaba …

A. Kekendelan

B. Kewasisan

C. Micara

D. Runtut

E. Tembung kang pas

Pambukaning adicara katindakake dening pambyawara kasebut …

A. Pranatacara

B. Pambagyaharja

C. Atur bela sungkawa

D. Donga

E. Narasi


Soal Essay!

1. Apa ding diarani tema pinangka struktur batin geguritan?

2. Jlentrehna kanthi ringkes gambarane ing upacara tingkeban kuwi?

3. Apa bae perangan pambuka ing sesorah?

4. Tulisna tata cara sesorah!

5. Apa Sing Diarani sabdatama ing sesorah?


0 comments:

Posting Komentar